ilmu kesempurnan|wirid hidayat jati

Monday

Wirid hidayat jati


1.Ananing Dzat


Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-
uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun,
sajatine kang maha suci anglimputi ing sipat Ingsun,
anartaning asman Ingsun, amratandhani ing
apngalIngsun.
(Sesungguhnya tidak ada apa-apa
karena pada waktu masih dalam keadaan kosong,
belum ada sesuatupun, yang ada hanyalah Aku. Tidak
ada tuhan selain Aku. Aku adalah hakikat Zat yang
Maha Suci yang meliputi sifat-Ku, yang menyertai
Nama-Ku, dan yang menandai perbuatanKu.).




2 .Wahananing Dzat (Tempat Zat)


Sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang
kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna
saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan
pratandhaning apngal Ingsun kang minangka
bebukaning iradat Ingsun, kang dhingin Ingsun
anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing
sajroning alam ngadam makdum ajali abadi. Nuli cahya
aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai,
nuli nyawa aran roh ilapi, nuli damar aran kandil, nuli
sesotya aran darah, nuli dhindhing jalal aran kijab. Iku
kang minangka warananing kalarat Ingsun.
(Sesungguhnya AKU adalah Dzat yang Maha Kuasa,
yang berkuasa menciptakan segala sesuatu, jadi
seketika, sempurna karena kodratKU, di situ telah
nyata tanda perbuatanKU yang sebagai pembuka
kehendakKU, yang pertama AKU menciptakan Kayu
bernama Sajaratul yakin tumbuh di dalam alam adam
makdum (hampa kosong) yang azali dan kekal abadi.
Kemudian Cahaya bernama Nur Muhammad,
berikutnya Kaca bernama Mir’atul haya’i, selanjutnya
Nyawa bernama Roh Idhofi, pelita bernama ‘Kandil’,
Permata (sesotya) bernama Dharrah, lalu dinding
pembatas bernama Hijab. yang menjadi sekat
penampakan-Ku.)



3 Kahananing Dzat (Keadaan Dzat)



Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku
rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam
asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin,
banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat Ingsun, ing
kono Ingsun panjingi mudah limang prakara, nur,
rahsa, roh, napsu, budi. Iya iku minangka warananing
wajah Ingsun kang maha suci.
(Sesungguhnya manusia itu rahsaKU dan AKU itu
rahsanya manusia, karena AKU menciptakan Adam
berasal dari empat perkara; bumi, api, angin, air. Itu
sebagai perwujudan sifatKU, di sana AKU tempatkan
lima perkara, nur, rahsa, roh, nafsu, budi. Itulah
sebagai perwujudan wajahKU yang Maha Suci.



4,Pambukaning tata malige ing dalem betalmakmur.


sajatine Ingsun anata malige ana sajroning
betalmakmur, iku omah enggoning parameyan Ingsun,
jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah
iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku
manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku
napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma
iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana
Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing
kahanan jati.
(Sesungguhnya AKU bertahta dalam Baitul Makmur, itu
rumah tempat pestaKU, berdiri di dalam kepala Adam.
Yang pertama dalam kepala itu ‘dimak’ yaitu otak,
yang ada di antara otak itu ‘manik’ di dalam ‘manik’
itu budi, di dalam budi itu nafsu, di dalam nafsu itu
suksma, di dalam suksma itu rahsa, di dalam rahsa itu
AKU, Tidak ada Tuhan selain AKU, Dzat yang meliputi
keberadaan yang sesungguhnya.




5 Pambuka tata malige ing dalem
betalmukarram.



sajatine Ingsun anata malige sajroning
betalmukarram, iku omah enggoning lalarangan
Ingsun, jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana
sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku
jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku
jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku
suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa
iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang
anglimputi ing kahanan jati.
(Pembuka tahta dalam baitul mukarram
Sesungguhnya AKU bertahta dalam Baitul Muharram,
itu rumah tempat laranganKU, berdiri di dalam dada
adam. Yang ada di dalam dada itu hati, yang ada di
antara hati itu jantung, dalam jantung itu budi, dalam
budi itu jinem, yaitu angan angan, dalam angan angan
itu suksma, dalam suksma itu rahsa, dalam rahsa itu
AKU. Tidak ada Tuhan kecuali hanya AKU dzat yang
meliputi keberadaan yang sesungguhnya.)




6 Pambuka tata malige ing dalem
betalmukadas.



sajatine Ingsun anata malige ana sajroning
betalmukadas, iku omah enggoning pasucen Ingsun,
jumeneng ana ing kontholing adam. Kang ana sajroning
konthol iku prinsilan, kang ana ing antaraning
pringsilan ikku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku
madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku
manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning
rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat
kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng sajroning
nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono
wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam
arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil,
dadining manungsa sampurna yaiku sajatining
sipatIngsun.

(Sesungguhnya AKU bertahta di dalam Baitul Muqadas,
itu rumah tempat kesucianKU, berdiri di penis/alat
kelamin (konthol) adam. Yang ada di dalam penis itu
buah pelir (pringsilan), di antara pelir itu nutfah yaitu
mani, di dalam mani itu madi, di dalam madi itu wadi,
di dalam wadi itu manikem, di dalam manikem itu
rahsa, di dalam rahsa itu AKU. Tidak ada Tuhan selain
AKU, Dzat yang meliputi keberadaan sesungguhnya,
berdiri di dalam nukat gaib, turun menjadi johar awal,
di situ keberadaan alam ahadiyat, wahdat, wahidiyat,
alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil,
jadinya manusia sempurna yaitu sejatinya sifatKU.




7 Panetep santosaning iman.


Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging
Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku
utusan Ingsun.

(AKU menyaksikan bahwa sesungguhnya tidak ada
Tuhan kecuali AKU dan AKU menyaksikan
sesungguhnya muhammad itu adalah utusanKU.)



8 Sasahidan


Ingsun anekseni ing DatIngsun dhewe, satuhune ora
ana Pangeran anging Ingsun, lan anekseni Ingsun
satuhune muhammad iku utusanIngsun. Iya sejatine
kan aran Allah iku badanIngsun, rasul iku
rahsaNingsun, muhammad iku cahayaNingsun. Iya
Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang
eling tan kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng ora
kena owah gingsir ing kaanan jati, iya Ingsun kang
waskitha, ora kasamaran ing sawiji-wiji. Iya Ingsun
kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana ora
kekurangan ing pakerthi, byar sampurna padhang
terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-
apa, amung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh
kalawan kodratIngsun

(AKU menyaksikan pada DzatKU sendiri, sesungguhnya
tidak ada Tuhan kecuali AKU, dan menyaksikan AKU
sesungguhnya muhammad itu utusanKU.
Sesungguhnya yang bernama Allah itu badanKU, rasul
itu rahsaKU, muhammad itu cahayaKU. AKUlah yang
hidup tidak bisa mati, AKUlah yang ingat tidak bisa
lupa, AKUlah yang kekal tidak bisa berubah dalam
keberadaan yang sesungguhnya, AKUlah waskita, tidak
ada tersamar pada sesuatu pun. AKUlah yang
berkuasa berkehendak, yang kuasa bijaksana tidak
kurang dalam tindakan, terang sempurna jelas
terlihat, tidak terasa apa pun, tidak kelihatan apa pun,
kecuali hanya AKU yang meliputi alam semua dengan
kuasa (kodrat)KU.)

Comments
0 Comments

0 comments:




(HAPPY BLOGGING)

Next Prev Home
*

traffic

Kembali ke ATAS